Zhagle Kelana

zhagle

Sms Bahasa Jawa





assalamu"alaikum WR.Wb,

Sms Bahasa Jawa :


Mlaku-mlaku ning Malioboro, Menawi sayah numpak becak luwih sekeca
Sugeng riyadi kagem panjenengan sedaya, Sagung kalepatan nyuwun diparingi pangapura


Numpak andhong ning Kotagede, tuku ali-ali kagem eyang putri.
Bilih aku nduwe luput gedhe, nyuwun kawelasan sampean ampuni.


Gunung Merapi, Gunung Merbabu, tansah jejer kaya sedulur kembar
Aku sing wis tau nglaraake atimu, njaluk samudra pangapuramu kang jembar


Nagara tentrem amarga para satria pinandhita, bengi shalat tahajud, awan sregep makarya.
Sugeng riyadi, sedaya kalepatan kula nyuwun pangapura,


Latihan pasa sewulan mugi kita dados manungsa takwa
Ning gunung ketur tuku bolah, kanggo ndondomi sajadahe simbah
Dudu salahmu sing gawe susah, nafsu amarahku sing gawe bubrah.


Udan-udan ngeyup ngisor wit gedhang, wegah sangu payung amarga ngrepoti
Pangapura sampeyan kulo gadang-gadang, kita raketke pasederekan ing dina riyadi.


Pitik kate rupane putih, Pitik alas rupane coklat
Idul Fitri ati manungsa bali putih,

hawa-nafsu dikendali kanthi tobat
Gunung Imogiri papan rekreasi, sade selendang mbok menawa payu
Lebaran sedaya lepat nyuwun diampuni, mugi-mugi kita sedaya tansah rahayu


Dudu sanak dudu kadang, nek kepentung prayoga dicaosi pitulung
Lebaran kula sowan eyang, dosa kalangkung nyuwun diparingi ampun


Gundul-gundul pacul maculi kalen, ngresiki sampah ben ora mbunteti ilen
Gawe bludrek menawi luputku di simpen, langkung sekeca menawi kersa maringi pangapunten


Ing dina fitri punika, sampun lepas mantol kula, sampun mengkup payung kula,
sampun ndaplang tangan kula, siap klebus diudani pangapura, saking ati andika ingkang sajembar samudra, sudi haparing hapunten sedaya kaluputan kula,


Tan kena udan pangapura andika reda, sak durunge nglunturake sakabeh dosa,
Tan kena srengenge ngetokke sinarira, sak durunge luput kula klentir ing banjir pangapura.


Macan tutul ngoyak menjangan, pratanda hukum keseimbangan alam, cacah menjangan disuda ben ora rebutan pangan. Dina lebaran kula nyuwun kawelasan, panjenengan ingkang kagungan ati jembar kaya lapangan,
sudi maringi kula pangapura tumrap sadaya kalepatan.


Naliko burung hantu pada
dipulut, tikus-tikus merajalela marga ora ana sing nyaut.
Dina lebaran kawula nyuwun hapus sedaya luput, sakwise pasa mugi-mugi amalan kita mboten surut.


Ono kupat nyemplung santen
menowo lepat nyuwun pangapunten


Mlaku-mlaku ning segoro
ning segoro dino seloso
yen aku duwe salah lan duso
aku nyuwun pangapuro


ancik-ancik pucuking eri
selamat hari raya idul fitri


ndas gundul di kipasi
njaluk ngapuro awaku iki

ngutik-utik macan turu
mugi Alloh nglebur dosaku


Ngaturaken sedaya kelepatan ing riyadin niki
mugi-mugi Gusti Allah maringi barokah lan rahmanipun.
Mangga kita lalekake ingkang sampun kalawingi..
ya intine ngunu lah.

Cangkem iki sering nggedabrus,
utek iki sering mikir sing elek.
Aruming pangruwating jiwa,
winayah ing lekasing ati suci,
sumusul lumunturing nugraha jatining sedya.
Sugeng ariyadi, nyuwun agunging samodra pangaksami.

Mumbul-mumbul kaya tajin
Akeh kepaitan tetep semangat
Ngaturaken sugeng riyadi
Nyuwun pangapunten sedaya lepat
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi

Tan mutung ing pasangan
Sanajan abot, aja ninggalake gawean
Sugeng riyadi lebaran
Ikhlasken luput kulo ampun disimpen
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi

Nandur pari jero
Manfaate kanggo anak putu
Luputku marang awakmu jero
Mangga dipendem nganggo pangapuramu
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi

Negara mawa tata, desa mawa cara
Tata krama agawe lancar ing kerja
Sugeng riyadi panjenengan sedaya
Kulo gadah lepat nyuwun pangapura
Ngangsu banyu ing kranjang
Ilmu sithik miguna tanpa dilakoni
Luput kulo sak kranjang
Nyuwun diapura ing dina riyadi
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi


Nampel pulukan tan kena dilakoni
Ngrusak begjaning liyan amarga dengki
Alamat kanca dewe bakal mungsuhi
Sugeng riyadi Idul Fitri
Sedaya lepat nyuwun diampuni
Mugi dengki tan betah manggon ning ati
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi

Ngantuk ngadep padhiyan
Aja klenthir marang pujian
Sugeng hari lebaran
Nyuwun apunten sedaya kalepatan

Dadi anak aja nggadho ati
Aja seneng nyusahke wong tuwo
Sugeng riyadi Idul Fitri
Nyuwun diapunten kalepatan kulo

Ngeled eduk ing pinggir dalan,
Tumindak tanpa pendirian
sakderma manut omonge liyan
hasile bakal ora karu-karuan
Sugeng Riyadi kagem sampeyan
Nyuwun pangapunten sedaya kalepatan

Ngundhuh wohing panggawe
Manungsa ngunduh pokale dewe
Luput kulo aja digape
Luwih sekeca sampeyan laleake

Murwa sarira ing dina riyadi
Kedah dilengkapi dandaning ati
Dandan awak ing dina riyadi
Becik disarengi bagusing ati
Kawula haturken sugeng riyadi
Luput kula ampun dilebetken ati

Aruming pangruwating jiwo, winayah ing lekasing ati suci. Sumusul lumunturing nugroho jatining sedyo.

Suminaring suryo enjang, pethak cinondro resiking manah. Nyuwun gunging pangaksami sedoyo kelepatan. Sugeng Riyadi

Ngturaken sugeng riyadi
sedoyo kelepatan nyuwun pangapunten.
Ugi semanten Allah tansah pinaringan rahmat
dan hidayah kagem sedoyo keluarga.
amin. TaQoballoHumiNna waMinKum